Text
Lintang Panjer Rina
Wengi iki wulane temangsang nduwur payon
nggatekake bocah-bocah dolanan playon
uber-uberan ing pelataran
dadi simbol menawa urip kuwi ora bisa dilakoni mung karo guneman
Menawa mengko wulane ora bisa ditemokne
amergo ndelik suwe wedi digondol wewe
awake dewe gek ndang tumandang gawe
nyuwun pitulungane srengenge
Sakjane aku ora kudu kuwatir
ono sliramu sing tansah ana ing pikir
saumpama wulane dadi ora ketemu
aku isih bisa ngganti nganggo esemmu
Saumpama kedaden wulane kelangan cahya
aku isih nduwe lampu kanggo maca
soko mripatmu kang kaya lintang panjer rina
urip ing atiku tanpa ngewehi tanda
| F00796 | 819 DAN l | Ruang Koleksi 800-899 (800-an) | Available |
| F00802 | 819 DAN l c2 | Ruang Koleksi 800-899 (800-an) | Available |
No other version available