Text
Mutyara Rinonce : Budi Pekerti Ing Pewayangan
Rikala tahun 1950-an, budi pekerti mujudake wulangan ing . sekolah minangka bidang studi. Kanthi madeg dhewe minangka bidang studi, pamulangan bab budi pekerti nyawiji karo wulangan bidang studi liyane. Kayata PPKN, PMP, lan agama. Nalika solah tingkahe para mudha wis kurang tumata, bidang studi sing dititipi budi pekerti dadi parang picucuhan. Nalika ing kelas, bijine Agama, PPKN, utawa PMP apik —apik, nanging patrape siswa ora cocok karo bijine. Pranyata biji mau mung mujudake angka — angka kang durung duwe makna. Angka — angka mau mung mandheg ing alam pikir, ora ditrepake ing patrap.
Ganti taun 1994 ana polemik ing ariwarti (koran). Perkarane wulangan budi pekerti nganggo titipan ing bidang studi kasebut, dianggep ora kasil kanthi mupangati. Horeg maneh, saperangan usul manawa wulangan budi pekerti dibalekake kaya tahun 50-an nganti 70-an, dadi bidang studi maneh. Saperangan usul, saiki titipane diwiyarake. Kabeh bidang studi bisa dititipi wulangan budi pekerti (integrative learning).
Pranyata, kekarepan sing pungkasan malah saya ngaburake bab piwulang budi pekerti. Sapa lan bidang studi apa sing tanggungjawab malah ora cetha. Amarga kakehan cacah lan kakehan wadhah, malah dadi ora nggenah. Manut pandugaku ana pirang — pirang prekara kang ndadekake piwulang budi pekerti durung kasil. Prekarane bisa ana ing kurikulum, penulis buku, guru, utawa murid.
Bab kurikulum, kurikulum 1994 iku karepe migunakake integrative learning tumrap babagan budi pekerti. Nanging apa uga kaya mangkono. Bisa wae pancen kurikulume durung ngemot budipekerti sing integrative mau. Awit ya prelu dimaklumi durung mesthi kabeh pangrakit kurikulum ngerti lan dhamang bab integrative leaming budi pekerti. Satemene para pangrakit kurikulum mangerti menawa kudu nglebokake budi pekerti ing kurikulum, nanging ora ngerti kepriye carane.
Kosok baline, upamane ing kurikulum mau wis ana budi pekerti. Durung mesthi para penulis buku ngerti yen satemene ing kurikulum iku ngandhut budi pekerti sebab pancen ora dicawisake sarana sinerat blaka. Umpamane, para penulis satemene ngerti yen ing
| NF00885 | 791.5 WAR m | Ruang Koleksi 700-799 (700-an) | Available |
No other version available