Wis dadi padatan pengetan ambal warsa sanggar sastra Triwida saben limang taunan nerbitake antologi karya sastrane warga Triwida. Wiwit mandeg taun 1980 tumekane saiki wis kasil nerbitake 7 antologi crita cekak. Ing taun 2015 iki kasil ngimpun watara 30 cerkak pilihan kaimpun ing antologi kanthi irah-irahan ngrembuyung.