Roman Dahuru Ing Loji Kepencil iki pancen crita brangsan tenan. Dikarang dening Suparto Brata nalika dheweke kudu nglancarake Tabloid Jawa Anyar sing kudu ndang oleh pasaran para maos sing mirunggan. Mulla digawe crita brangsan, akeh tumindak kasar, degsiya, tumindak porno, tingarah para maose lagi anyakan crita wis ketarik golek crita tutuge. Dikarang wiwit anyakan nganti pungkasane digawe para maose ora mingket saka anggone maca buku.