Crita cekak kang cacahe 30 iji iki, kabeh wis nate kapacak ing maneka warna majalah/tabloid basa jawa, antara liya Dharma Nyata, Panyebar Semangat, Jayabaya, Kumandang, lan liya-liyane. Sri Setya Rahayu kang kulina diundang Yayuk iki, kiprah ing jagading sastra jawa wiwit taun 1969, lan nganti tumekane taun 2012 iki karya crita cekake ana 80-an iji lan geguritan ana 60-an judhul.